LATIHAN SOAL ESSAY BAHASA JAWA KELAS X UNTUK SMK/SMA

LATIHAN SOAL ESSAY BAHASA JAWA KELAS X UNTUK SMK/SMA - Wangsulana pitakon - pitakon ing ngisor iki kanthi setiti!

Wacanen tembang macapat ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no 1 - 3 !

Nulada laku utama
tumrape wong tanah jawi
wong agung ing ngeksiganda
Panembahan Senopati
kapati amarsudi
sudane hawa lan nepsu
pinesu tapa brata
tanapi ing siyang ratri
amemangun karyenak tyasing sasama
(Wedhatama, Mangkunegara IV)

1. Tulisana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu saka tembang macapat ing dwuhur!

2. Tulisana amanat saka tembang macapat ing dhuwur!

3. Gawea tembang macapat nggunakake basa jawa ngoko kanthi pathokan/paugeran kaya tembang ing dhuwur!

Wacanen saperangan teks crita Bima Bungkus ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no 4 - 6 !

Bima Bungkus
           Jejer ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana senjata tumawa kanggo mbedah Bungkus. Kurawa uga melu cawe - cawe arsa mecah Bungkus, sanadyan amung lelamisan, baku arsa nyirnaake sing bungkus. Wisiking dewa sang Bungkus den bucal ing alas krendawahana.
................................................................................................................................................................
          Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si Bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladi kawruh babagan kautaman marang si Bungkus.
           Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abang, ireng, kuning, putih, pupuk, gelang, porong lang kuku pancanaka.
...............................................................................................................................................................
(Kapethik saka buku prigel basa jawa)
4. Tulisana paragane saka crita Bima Bungkus ing dwuhur!

5. Tulisana amanat kang kamot sajroning crita Bima Bungkus ing dhuwur!

6. Gawea sinopsis crita wayang Bima Bungkus nggunakake basa Indonesia kanthi jangkep alur critane!

7. Pranata cara kerep uga diarani dening bebrayan agung minangka pranatacara pembyawara, pranata adicara, pranata laksitaning adicara utawa Master of Ceremony (MC). Ancer - ancer yen kanggo gawe ngrengreng teks pranatacara kudu ngerti pokok - pokok / perangan teks pranata cara. Tulisana 6 perangan/bagian teks pranatacara!

8. Pranatacara mbutuhake teknik supaya kang ngrungokake lan nonton bisa rumangsa seneng, gampang dimangerteni, penak dirungokake uga disawang pantes anggone tampil ing sangarepe wong akeh. Tulisana 5 tumindak kang ora becik nalika nindakake pranatacara!

9. Pranatacara iku ora mung katindakake ing upacara mantenan ananing uga anan sing katindakake ing acara sekolah, kayadene ing acara perpisahan kelas XII. Tulisana separagrap wae teks pranatacara perangan panutup ing acara perpisahan kelas XII!

10. Kawruh kagunan basa iku kerep dienggo ing pranatacara kanggo narik kawigatene para tamu kang padha rawuh. Kayadene tembung  yogyaswara, tembung entar, tembung rura basa, panyandra lan pepindhan. Tulisana 5 tuladha tembung yogyaswara, 3 tuladha tembung rura basa, lan 2 tuladha pepindhan!

TERPOPULER

TERBARU

SOAL PENJASKES SEPAKBOLA SMK/SMA

SOAL SOAL PELAJARAN PENJASKES PERMAINAN SEPAKBOLA UNTUK SMK DAN SMA SERTA JAWABANNYA!!!!! Tendangan keras kearah gawang untuk menghasilk...

Gambar tema oleh centauria. Diberdayakan oleh Blogger.